Biografi Wayang Antareja Bahasa Krama



Udah lama vakum nge_blog jadi kangen nih,, mudah-mudahan tidak bosan ya sobat mengunjungi blog Saya ini.
Ok langsung saja, Pada kesempatan kali ini Saya akan membahas artikel "Wayang", bagi yang sedang mencari tugas Bahasa jawa disini tempatnya. Kebetulan juga artikel ini adalah tugas dari Sekolah yang disuruh mencari biografi Wayang Kulit.

Tujuan Saya hanya ingin share aja, semoga bermanfaat.

Antareja Gagrag Banyumas


Antareja Gagrag Surakarta


     Antareja iku putra pembarepé Raden Werkudara Bima patutan saking Dewi Nagagin putriné Sang Hyang Anantaboga, déwaning taksaka (ula) kang mapan ing Kahyangan Saptapratala.

      Umumé crita-crita pedhalangan ngandhakaké yèn putrané Raden Werkudara niku wonten tiga, yaiku Antareja, Gathutkaca, lan Antasena. Raden Antareja kasatriyané (papan dunungé) ana ing Jangkarbumi. Garwané asma Dewi Ganggi, atmajané Prabu Gangga Pranawa, ratu taksaka ing Tawingnarmada. Miturut padhalangan gagrag Surakarta, putrane Antareja iku arané Danurwendha, nanging yen miturut padhalangan Yogyakarta arané Raden Puspadentha. Ing pagelaran wayang kulit, kerep muncul bebarengan karo Raden Irawan (putra Arjuna).

Kasektèn
      Raden Antareja kondhang digdaya, bisa ambles bhumi, ngambah njero lemah mula yèn perang menangan. Mauné ana ngarepé mungsuh, merga ambles bumi saged mak bedunuk metu ing samburiné mungsuh, terus ngantem utawa nyembur saking mburi. Kasektèn liyané, ing rananggana kalis ing pati. Matiya sedina ping pitu, yèn isih kambon lemah, bali urip manéh. Gandheng eyangé iku déwaning ula, mula Antareja uga ndarbéni upas (basa indonesia: bisa) cacah telu, yakui upas Anta, upas Warayang lan upas Pengantèn. Kasiyaté upas bisa kanggo nambani wong lara, kanggo matèni mungsuh lan nguripaké wong mati sing durung tekan mangsané. Kasekten liyané, Antareja ora tedhas ing saliré gegaman merga ing sajroning kulit sajabaning dagingé ngangge sangsangan Nagakawaca, saka tilas plungsungané Sang Hyang Antaboga. Mula yèn Antareja nuju nesu, sarirané katon ana sisiké emas. Ing wayang gagrag Jawa Timuran, yèn nesu malah rainé malih dadi ula, lan awaké metu sisiké.

      Kaya Gathutkaca, nalika isih bayi, Antareja uga wis tau dadi jagoné para déwa, mungsuh ratu ula Prabu Nagabagindha lan patihé aran Rupatala saka negara jangkarbumi. Iku gara-gara ratu ula kuwi kepingin mengku widadari Bathari Superti sing sampun kagarwa Hyang Antaboga lan peputra kaliyan Dewi Nagagini lan Bambang Nagatatmala. Kekarepané Prabu Nagabagindha mua mesthi waé ditolak marang para déwa, saéngga nuwuhaké peperangan ing Repatkepanasan. Para dewa padha kasoran, banjur mintasraya marang Sang Hyang Antaboga. Prabu Nagabagindha nuli campuh bandadyuda lumawan Hyang Antaboga. Anggoné perang nganthi suwé banget, ora ana sing kalah-ora ana sing menang. Saka pamrayogané Bathara Naradha, déwa ngajokaké jago anyar, yakui bayi putrané Dewi Nagagini sing nembé dilairaké. 

       Sadurungé diajokaké ana paprangan, bayi dilumuri iduné Hyang Anantaboga supaya ora tedhas gegaman. Tekan paprangan, bayi Antareja kuwi banjur dicandhak, dibanting, diidak-idak lan dicokot déning ratu ula mau, nanging tetep teguh timbul, dalasan tambah gedhé-tambah gedhé. Nagabagindha lan patih Rupatala akhiré malah tiwas ing tangané satriya putrané Werkudara iku. Sukmané Prabu Nagabagindha lan Rupatala manjalma ana anggané Antareja, ndadekaké saya sektiné satriya iki. Déning Bathara Guru banjur kaparingan asma Anantaraja iya Anantareja utawa Antareja. Lan negara Jangkarbumi banjur kaparingaké marang Raden Antareja minangka kasatriyané, uga kalilan asmané nunggak semi marang Prabu Nagabagindha lan Rupatala. Mula Antareja uga banjur kerep karan Radèn Nagabagindha utawa Raden Rupatala.

Patiné Antareja
      Antareja pancèn kondhang satriya sing sekti, jalaran mung kanthi ndilat tilas tepaké sikil waé, mungsuhé bisa mati. Kasektèn iki kang gawé Prabu Kresna mikir supaya Antareja ora susah mèlu Bharatayudda jalaran yèn nganti mèlu perang ora wurung para Kurawa bisa mati mung mungsuh Antareja. Mula sadurungé perang gedhé kuwi diwiwiti, Antareja kudu disingkiraké luwih dhisik kanthi dikon ndilat tilas tapakané dhéwé. Ya mesthi waé Antareja uga banjur mati. Kuwi pungkasané Antareja urip ing jagad marcapada.

Ing pedhalangan gagrag Surakarta, Antareja uga sinebut Antasena. Ing gagrag Jogjakarta, Antareja béda karo Antasena.
Mungkin itu dulu yang dapat Saya tulis pada kesempatan kali ini, Mohon maaf apabila ada kekurangan.

Belum ada Komentar untuk "Biografi Wayang Antareja Bahasa Krama"

Posting Komentar

Ketentuan Berkomentar :
1. Berkomentarlah Dengan Baik Dan Sopan
2. Tidak Punya Akun Beri Komentar Sebagai : Anonymous
3. Dilarang Menyematkan Link Pada Komentar

Don't Flood & Spam

" INFO !! Perbaikan Dead Link Telah Selesai.. Apabila Masih Error Silahkan Gunakan Mirror Link Yang Sudah Kami Sediakan. Salam Blogger. "